Senin, 22 Agustus 2016

Sinare Dewi Mentari

                        “SINARE DEWI MENTARI”
20 Pebruari 2000, Dewi Mentari dilairake. Lair saka pasangan ibu Juminah lan pak Paijo.Teka lair Mentari wis ditakdirake dadi bocah sing mandiri gawe nyambun guripe. Hla piye neh? Ibune wae pagaweane mung gawe goringan lan bapake dadi kuli bangunan.
“Mentari“ biyasane bocahe diceluk.Bocah sing tahun iki umure ngincak 15 tahun. Bocah sederhana kang saiki dadi murid kelas 10 SMA ing SMA Negeri Budi Luhur no.22,Yogjakarta.
Ora asing maneh karo kebiasaane Mentari.Tangi isuk kegugah suara adzan nandaake kewajiban muslimah kudu sholat shubuh. Sawise kuwi adus, beberes banjur ngewangi ibune nggawe gorengan sing mengko bakal di titipake menyang kantin.
“Sugeng enjing bu?”Mentari nyapa ibune.
“Mentari?Wistangi?” wangsulane ibune.
“Sampun bu, Mentari saget ngewangi napa ? pitakone Mentari maneh.
 “Kuwi nduk bahane gorengan gorengen.” Wangsulane ibune sinambi ngirisi wortel.
 “Inggih bu.” Wangsulane Mentari karo ngurupake kompor.
          Mentari ora bisa nolak kahanane uripe sing kurang kacukupan wis daditakdire. “ menawa niki pancen dalan saking Gusti.” Guneme Mentari karo nglamun.
Pandume jam mbuyarake lamunane Mentari jam 06.30 biyasane Mentari budhal sekolah dikancani sepedha butute.
“ Bu niki gorengane sampun dados, Mentari badhe bidhal sekolah rumiyen nggeh?” guneme Mentari sinambi noto gorengane.
“ Iya nduk” wangsulane ibune.
“Panjenengan dongane Mentari supaya slamet lan lancar sekolah.
“ Amin ibu dongane supaya kabeh cita-citamu bisa kawujud.” Balese ibune.
         Dikancani keranjang gorengan lan sepedha butute Mentari budhal. Butuh 15 menit gawe teka sekolahan.Ing sekolah Mentari wis dienteni Indah ing ngarep pager. Indah kuwi kanca sakelase Mentari uga sahabat sejatine. Nanging nasibe Indah luwih beja katimbang Mentari hla piyeora? Indah gak perlu gawa gorengan lan numpak sepedha butut menyang sekolah.
“ Mentariiiii……!!!!” Indah mbengok.
“ Eh Indah, ndegaren budhal mu isuk?” wangsulane Mentari bingung.
“ Iya Tar aku sengaja budhal isuk, aku pengen njaluk tulung awakmu marai aku Basa Jawa wingi lho…. :D.” Indah cengengesan gak nggenah.
“ owalah awakmu budhal isuk amarga kuwi? (.” Mentari ngece Indah.
“Hehehe iya Tar, ( nyapo awakmu gak gelem ya?” wangsulane Indah khawatir.
“ Ora-ora….!!!! Iya gampang nanging sek ya aku tak parkir sepedha banjur ngeterne gorengan menyang kantin.” Wangsulane Mentari nenangake Indah.
“ Oke boss….!!.” Wangsulane Indah kegirangan.
Ya kuwi Mentari bocah kang apikan lan pinter. Biyasane kanca-kancane njaluk pitulunge Mentari marai materi pelajaran.
                                          ***
        Sawise ngeterne gorengan Mentari marai pelajaran Basa Jawa menyang Indah. Sawise marai Basa Jawa dheweke banjur mlaku menyang kelas . Pas Indah lan Mentari mlaku, gak disangka Azeela wis ngenteni Mentari ing ngarep kelas.
“ Eh Tar, sesok sore awakmu enek wektu gak?” pitakone Azeela.
“ kayake enek Zeel ana apa ta?” wangsulane Mentari
 “ Ngene hlo Tar, keponakan ku sesok ulang tahun. Iki bocahe ngekeki undangan menyang awakmu.”Wangsulane Indah karo ngekekne undangan.
 “ Keponakanmu sing ndi ta Zeel? Hla opo  hubungane karo aku ?”Mentari bigung.
“ Masak lali? Kuwi hlo Jojo kanca SD mbiyen?”Azeela njelasake.
  “ Oalah Jojo sing lemu sak tong kuwi? Masak? Sing seneng ngompol?”( (mentari mbayangake kisah masa lalune kambek Jojo).
Jojo, ya Jojo iku kancane Mentari pas SD bocahe kuwi kocak banget,seneng nglucu sampek gawe wetenge Mentari senep ngrungaake lelucone Jojo. Jojo kerep gawe Mentari guyu pas Mentari lagi susah atine.Lak wis ana Jojo acara nangis-nangisan ilang pokoke, gantine ngguyu kepingkel-pingkel.
         Dina sing ditunggu Mentari teka. Mentari menyang pesta ulang tahune Jojo.Mentari ketok ayu nggawe gaun warna biru sing di silihi Indah,mripate sing ndamar kanginan nambah keayuane Mentari.
Ing omahe Jojo Mentari ketemu Mala.Mentari bocah sing tumindake wis apik tenan isih ana wae sing gak seneng, contohe Mala.
“Enek bocah mlarat liwat cah” guneme Mala marang kanca-kancane.
“Heh Mala ngomong apa awakmu kui, omongan mu kuwi maksud mu opo..?” ujuk-ujuk Jojo metu teka jero omahe karo katon nesu.
“Wis-wis Jo gausah ngladeni Mala,ayo mlebu wae menyang njero kan awake dewe suwi gak ketemu.” Mentari nenangke Jojo
“Yo patrah bocah gendeng sakjane gak usah tak undang, gak nduwe tata krama” Wangsulane Jojo .
“Wis-wis sabar to Jo” Mala mangsuli.
“ Tar bocah kaya Mala kuwi gaiso di keki sabar.” Jojo ngomel-ngomel.
“ wis ta Jo, “Wangsulane Mentari sabar.
“ Iya Tar, anggep wae angin liwat.” Wangsulane Jojo.
” Hehehe iya Jo, tapi awakmu iki aneh-aneh wae. Eh ngomong-ngomong iki mbuh mek perasaanku tok ,tapi awakmu kok mundak ganteng lan kuru ta Jo??.” Mala ngguyoni Jojo.
“Haaaahhh?? Brati aku mbiyen diarani lemu?
Huuuufttt Tariiiiiiiii….!!!!! (
“Jojo nesu-nesu seneng.
       Mentari bocah sing Katon kaya cempaka sawakul ,kang nduweni kapinginan sederhana, yaiku bisa sukses lan mbanggaake wongtuane.
Mentari bocah kang bakal sumerbak wangi lan cahyane gawe wong akeh. Muga-muga karepe Mentari bisa kawujud.Uga muga Mentari yakin marang pitulunge Gusti kang maha adil.
                                                               ***     Dening,
                      SRI ASTUTI 12 IPS 2
      No.Absen 32

Tidak ada komentar:

Posting Komentar