Assalamualaikum Wr.Wb
Ing kene aku arep cerita guyon maton ngenani tema dunia pendidikan utawa apa sing berhubungan karo sekolah.
Nah ngomong-ngomong tentang dunia pendidikan, tuladha sekolah kan mesti ana crita-crita lucu utawa crita kang nduweni kesan ing ati.
Awakdhewe mesti ora asing karo kebiasaane murid-murid sing ngece lak diwulang marang gurune.
Umpamane kaya ngene ana pak guru teka menyang kelas.... itik itik itik
Guru : “ sugeng enjing cah, saurunge awakdhewe bahas pelajaran basa jawa ing kene aku arep takok apata ana pelajaran kang mok senengi liyane bahasa jawa? Duduhana alasanmu.”
(ujug-ujug paimen jawab )
Paimen : “ matematika pak! amarga matematika marai aku ngerti yen cinta kui ora mung gawe sedina utawa rong dina tai nganti tak terhingga. “
Amin : “ kimia pak! Amarga rumuse nggarai aku bisa ngracik kalimat cinta.”
Dan awakmu ngerti opo jawabane gurune????
Gurune jawab: CAH MBLUSSZZ!!!!!
Hahahahaaha
Ana maneh lak kayak nak sekolahanku iki sekolah rujukan wushuuuu :D
Pas jam pelajaran keadaan sepi pada serius garap tugas ujug-ujug speaker nduwur tembok kuwi muni ehmm tes tes tes siji loro tas elu tes ehmmm
“ kanggo bocah kelas 10,11,12 sing arep bayar insidental lan spp dienteni petugas bank jatim neng loket pembayaran”
Lahdalah kadung gembldak dikira ana pengumuman penting tibake lakok pengumuman kon bayar rek!! Hahahaha
Ngomong-ngomong bayar ya kadang aku bingung kaya nek sekolah rujukan ngeneki ana sing jenenge sumbangan jariyah kanggo mbangun sekolahan, tapi sing tak bingungi rek sumbangan kok diarani 500 ewu pisan. Kuwi ya akeh bayangno 500 ewu sek sek bayangno!!
Tapi ya jenenge ae sekolah ya wajar lak dikongkon bayar nek ndi-ndi ya kabeh kudu ragat jerbasuki mawa bea rek huahaahaaaa!!!
Liyane masalah ngunu kuwi mau mesti ra asing lak nek sekolahan enek sing jenenge arek pacaran.
Jaman saiki ngunu loh bocah cilik teka sd sampek sma yowes pacaran.
Biasane cah cilik sd lan smp pacarane ngunuwi paling-paling ngalay jenenge ya cinta monyet!
Nah bahaya maneh pacaranne arek sma ngunuwi ngalor ngidul gandenganlah, rangkulan lah kono wong pacaran opo teletabis? Parah maneh lak nek ndusel-ndusel pacaran kok mbesuel ta yaya
Engko lak putus apamaneh ketikung nyanyi mas mbak? Lagi usume ngunuwi pacar ketikung hahahha
Lak saranku sih sekolah sek sing bener masalah pacaran ngunu kuwi ojo sek lah hahahaha aku ngomong ngunu amarga aku jomblo hahhahaha
Aku Sri Astuti kelas 12 ips 2 matur nuwun
Wassalamualaikum Wr.Wb
Sabtu, 10 Desember 2016
Senin, 22 Agustus 2016
Sinare Dewi Mentari
“SINARE DEWI MENTARI”
20 Pebruari 2000, Dewi Mentari dilairake. Lair saka pasangan ibu Juminah lan pak Paijo.Teka lair Mentari wis ditakdirake dadi bocah sing mandiri gawe nyambun guripe. Hla piye neh? Ibune wae pagaweane mung gawe goringan lan bapake dadi kuli bangunan.
“Mentari“ biyasane bocahe diceluk.Bocah sing tahun iki umure ngincak 15 tahun. Bocah sederhana kang saiki dadi murid kelas 10 SMA ing SMA Negeri Budi Luhur no.22,Yogjakarta.
Ora asing maneh karo kebiasaane Mentari.Tangi isuk kegugah suara adzan nandaake kewajiban muslimah kudu sholat shubuh. Sawise kuwi adus, beberes banjur ngewangi ibune nggawe gorengan sing mengko bakal di titipake menyang kantin.
“Sugeng enjing bu?”Mentari nyapa ibune.
“Mentari?Wistangi?” wangsulane ibune.
“Sampun bu, Mentari saget ngewangi napa ? pitakone Mentari maneh.
“Kuwi nduk bahane gorengan gorengen.” Wangsulane ibune sinambi ngirisi wortel.
“Inggih bu.” Wangsulane Mentari karo ngurupake kompor.
Mentari ora bisa nolak kahanane uripe sing kurang kacukupan wis daditakdire. “ menawa niki pancen dalan saking Gusti.” Guneme Mentari karo nglamun.
Pandume jam mbuyarake lamunane Mentari jam 06.30 biyasane Mentari budhal sekolah dikancani sepedha butute.
“ Bu niki gorengane sampun dados, Mentari badhe bidhal sekolah rumiyen nggeh?” guneme Mentari sinambi noto gorengane.
“ Iya nduk” wangsulane ibune.
“Panjenengan dongane Mentari supaya slamet lan lancar sekolah.
“ Amin ibu dongane supaya kabeh cita-citamu bisa kawujud.” Balese ibune.
Dikancani keranjang gorengan lan sepedha butute Mentari budhal. Butuh 15 menit gawe teka sekolahan.Ing sekolah Mentari wis dienteni Indah ing ngarep pager. Indah kuwi kanca sakelase Mentari uga sahabat sejatine. Nanging nasibe Indah luwih beja katimbang Mentari hla piyeora? Indah gak perlu gawa gorengan lan numpak sepedha butut menyang sekolah.
“ Mentariiiii……!!!!” Indah mbengok.
“ Eh Indah, ndegaren budhal mu isuk?” wangsulane Mentari bingung.
“ Iya Tar aku sengaja budhal isuk, aku pengen njaluk tulung awakmu marai aku Basa Jawa wingi lho…. :D.” Indah cengengesan gak nggenah.
“ owalah awakmu budhal isuk amarga kuwi? (.” Mentari ngece Indah.
“Hehehe iya Tar, ( nyapo awakmu gak gelem ya?” wangsulane Indah khawatir.
“ Ora-ora….!!!! Iya gampang nanging sek ya aku tak parkir sepedha banjur ngeterne gorengan menyang kantin.” Wangsulane Mentari nenangake Indah.
“ Oke boss….!!.” Wangsulane Indah kegirangan.
Ya kuwi Mentari bocah kang apikan lan pinter. Biyasane kanca-kancane njaluk pitulunge Mentari marai materi pelajaran.
***
Sawise ngeterne gorengan Mentari marai pelajaran Basa Jawa menyang Indah. Sawise marai Basa Jawa dheweke banjur mlaku menyang kelas . Pas Indah lan Mentari mlaku, gak disangka Azeela wis ngenteni Mentari ing ngarep kelas.
“ Eh Tar, sesok sore awakmu enek wektu gak?” pitakone Azeela.
“ kayake enek Zeel ana apa ta?” wangsulane Mentari
“ Ngene hlo Tar, keponakan ku sesok ulang tahun. Iki bocahe ngekeki undangan menyang awakmu.”Wangsulane Indah karo ngekekne undangan.
“ Keponakanmu sing ndi ta Zeel? Hla opo hubungane karo aku ?”Mentari bigung.
“ Masak lali? Kuwi hlo Jojo kanca SD mbiyen?”Azeela njelasake.
“ Oalah Jojo sing lemu sak tong kuwi? Masak? Sing seneng ngompol?”( (mentari mbayangake kisah masa lalune kambek Jojo).
Jojo, ya Jojo iku kancane Mentari pas SD bocahe kuwi kocak banget,seneng nglucu sampek gawe wetenge Mentari senep ngrungaake lelucone Jojo. Jojo kerep gawe Mentari guyu pas Mentari lagi susah atine.Lak wis ana Jojo acara nangis-nangisan ilang pokoke, gantine ngguyu kepingkel-pingkel.
Dina sing ditunggu Mentari teka. Mentari menyang pesta ulang tahune Jojo.Mentari ketok ayu nggawe gaun warna biru sing di silihi Indah,mripate sing ndamar kanginan nambah keayuane Mentari.
Ing omahe Jojo Mentari ketemu Mala.Mentari bocah sing tumindake wis apik tenan isih ana wae sing gak seneng, contohe Mala.
“Enek bocah mlarat liwat cah” guneme Mala marang kanca-kancane.
“Heh Mala ngomong apa awakmu kui, omongan mu kuwi maksud mu opo..?” ujuk-ujuk Jojo metu teka jero omahe karo katon nesu.
“Wis-wis Jo gausah ngladeni Mala,ayo mlebu wae menyang njero kan awake dewe suwi gak ketemu.” Mentari nenangke Jojo
“Yo patrah bocah gendeng sakjane gak usah tak undang, gak nduwe tata krama” Wangsulane Jojo .
“Wis-wis sabar to Jo” Mala mangsuli.
“ Tar bocah kaya Mala kuwi gaiso di keki sabar.” Jojo ngomel-ngomel.
“ wis ta Jo, “Wangsulane Mentari sabar.
“ Iya Tar, anggep wae angin liwat.” Wangsulane Jojo.
” Hehehe iya Jo, tapi awakmu iki aneh-aneh wae. Eh ngomong-ngomong iki mbuh mek perasaanku tok ,tapi awakmu kok mundak ganteng lan kuru ta Jo??.” Mala ngguyoni Jojo.
“Haaaahhh?? Brati aku mbiyen diarani lemu?
Huuuufttt Tariiiiiiiii….!!!!! (
“Jojo nesu-nesu seneng.
Mentari bocah sing Katon kaya cempaka sawakul ,kang nduweni kapinginan sederhana, yaiku bisa sukses lan mbanggaake wongtuane.
Mentari bocah kang bakal sumerbak wangi lan cahyane gawe wong akeh. Muga-muga karepe Mentari bisa kawujud.Uga muga Mentari yakin marang pitulunge Gusti kang maha adil.
*** Dening,
SRI ASTUTI 12 IPS 2
No.Absen 32

Langganan:
Postingan (Atom)